Minggu, 30 Januari 2011

UPACARA NGUPADI TUMURUNING WAHYU JODHO

(NEBUS KEMBAR MAYANG)


Adegan I : Ingkang Hamengku gati hanimbali Sang Saraya Jati, lajeng sami pangandikan, binarung Ktw. Sekartejo Sl.My

Saraya Jati :
Nuwun mangke ta Bapa ……………………. (ingkang mengku gati) handadosaken kagyating manah kulo seneng tampi dhawuh timbalan panjenengan anggenipun sakalangkung wanter. Wonten paridamel punapa dene hamiji sowan kula sumangga keparenga paring pangandika dhumateng kawula.

Hamengku gati :
Adhimas Saraya Jati, ing dalu kalenggahan punika kula katangisan anak kula estri pun Rara …………………….. ingkang ing benjing-enjing siyang/dalu badhe nambu silaning akrami, mugi antuka tumuruning Wahyu Jodho. Ingkang puniko, keparenga kawula hangresaya dhumateng panjenengan mugi kersoa angupadi tumuruning Wahyu Jodho ingkang awujud Sekar Mancawarna ugi sinebat Kembar Mayang, kinarya jangkeping panggihing calon pinangantyan kekalih. Dene menawi sampun pikantuk mugi lajeng kersoa hamboyong kaasta tumuju ing wisma pawiwahan.

Saraya Jati :
Nuwun inggih sendika ngestokaken dhawuh. Wonten ing pundi papan dunungipun Sekar Mancawarna utawi Kembar Mayang punika.

Hamengku Gati :
Miturut wasita ingkang kula tampi, papan dunungipun Sekar Manawarna punika wonten ing padhepokan …………………., kabawah wewengkon ……………………..

Saraya Jati :
Nuwun inggih, rehning sampun cetha lan trawaca dhawuh timbalan panjenengan, keparenga kawula nyuwun pamit madal pasilan bidhal dinten punika daya-daya lebda ing karya.

Hamengku Gati :
nDerekaken raharjaning lampah, mugi rahayu boten wonten pringga bayaning
marga.

Keterangan : Bidhalipun Sang Saraya Jati saking pawiwahan, binarung ungeling
Ketawang Tumadhah, laras pelog pathet nem.
Adegan II : Ing padepokan ………………., Ki Jati Wasesa anengga Kembar Mayang, sinambi maos Sekar Macapat Dandhanggula.

1. Kaki hamung nyai hamung sami
Kang sumulih nebus Kembar Mayang
Yekti minangka pepasrahan
Wiwit ing dinanipun
Kang wus dadi ndara sayekti
Kiwa tengen dinata
Kanan kirinipun
Temanten deniro lenggah
Amimbuhi ngenguwung cahya munari
Temanten sekalian

2. Kembar Mayang werdine wus muni
Kembar pada mayang iku kembang
Yekti dadi kudangane
Supaya atut runtut
Wiwit daup ngantos ing benjing
Rukun amanggih mulya
Ngantos darbe turun
Kakung putrid mung sumangga
Mrih sembada kahangkao naming kalih
Ambangun kulawarga

3. Pambanguning kulawarga yekti
Adoh angger iku perlokno
Pranyata gede gunane
Sandang pangan kecukup
Kawruh bakal mumpuni ngudi
Manggon ora suksukan
Kasarasan tuhu
Rama lan Ibu kang bakal
Gula wentah putra putrine sayekti
Hayu-hayuning bala

Sasampunipun suwuk katungka dhatengipun Sang Saraya Jati, lajeng sami
pangandikan

Saraya Jati :
Kawula nuwun Kyai, keparenga kula badhe sowan

Jati Wasesa :
Mangga ……….. mangga kisanak, lajeng pinarak mlebet kemawon, mangga ta
keparenga pinarak ing palenggahan ingkan sampun sumadya.

Saraya Jati :
Matur nuwun sanget Kyai, sak derengipun nyuwun pangapunten, dene sowan kula sakadang boten atur cecela langkung rumiyin

Wasesa Jati :
Boten dados punapa kisanak, semanten ugi kula inggih nyuwun pangapunten, mbok menawi anggen kula nampi karawuhan panjenengan sakadang kirang subasita, jalaran inggih naming kados mekaten kawontenanipun. Nuwun mangke ta kisanak, keparenga kula hanila-krami, wingking saking pundi saha sinten asma panjenengan keraya-raya rawuh ing padhepokan ngriki kisanak.

Saraya Jati :
Nuwun inggih Kyai, keparenga kula badhe nepangaken, kula sakadang wingking saking …………………… (nyebtaken panggenanipun ingkang mengku gati), name kula pun Saraya Jati. Dene wigatosipun sowan kula sakadang punika pinangka dados duta saraya saking panjenenganipun Bapa/Ibu …………………………….. (ingkang mengku gati), saperlu hangupadi tumuruning Wahyu Jodho ingkang sampun cinandhi wonten ing Kembar Mayang, pinangka kangge sarat sarana anggenipun badhe kagungan kersa ngemah-emahaken putra putrinipun sarta kangge hanjangkepi ing upacara panggihing sri temanten. Punapa pancen ing ngriki dunungipun Kembar Mayang kala wau Kyai.

Jati Wasesa :
Nuwun inggih, saderengipun kula pratela dhumateng panjenengan ingkang rumiyin kula ugi nepangaken, bilih ingkang kasdu hamestani kula pun Ki Jati Wasesa.
Dene padhepokan kula mriki winastan ………………… Pancen leren, inggih ing padhepokan ………………….. ngriki punika cumdhokipun Sekar Mancawarna ingkang sinebat Kembar Mayang. Kayu Klepu Dewandaru, Cengkir Gadhing Kedhitipitu, punapadene Sadak Lawe.

Saraya Jati :
Manggih keleresan Kyai, inggih puniko ingkang dipun kersakaken dening panjenenganipun Bapa ……………….. (ingkang mengku gati). Ingkang punika mugi wontena keparenging penggalih tumunten Kembar Mayang kaparingna dumateng kula.
Dene menawi pengaji pinten kerta ajinipun, menawi mawi leliru punapa lelirunipun, waton kula saged hamboyong Kembar Mayang punika Kyai.

Jati Wasesa :
Miturut wawangsoning jagad, boten saged dipun tumbas kanthi punapa kemawon, naming sok sintena ingkang saged anegesi naminipun Kembar Mayang kanthi jangkep saha trep, inggih punika ingkang saged hamboyong wujudipun Kembar Mayang punika.

Saraya Jati :
We lha dalah, lha kok abot sangganipun Kyai, gandeng kula sampun sumanggem dados duta ngrampungi, sanadyan kados pundi kemawon badhe kula leksanani. Nyuwun pangestu Kyai Kembar Mayang, Klepu Dewandharu, Cengkir Gadhing Kendhitpitu, Sadak Lawe. Kembar Mayang tembung Kembar punika tegesipun padha. Tembung Mayang punika tegesipun Nur utawi Cahya, wonten ingkang mestani Kembang Jambe. Kembar Mayang punika mujudaken blegering kakung lan putrid. Kakung lan putri punika satemenipun sami, dene ingkang benten wadhahipun. Dene Nur utawi Cahya kalawau lenggahipun wonten ing rasa jati, ingkang dipun westani Urip utawi gesangipun. Tiyang jejodhohan punika menawi kepingin langgeng kekalihipun kedah saged manunggalaken rasanipun. Inggih manungaling rasa jati punika ingkang saged hambabar katentreman sarta saged hanggelar pakarti luhur. Inggih punika ingkang winastan garwa utawi sigaraning nyawa winastan kembar rasane.

Kayu Klepu, Dewandharu ;
Kayu-kayun, klepu-klepeng. Dewa titah ingkang luhur. Daru darajating agesang, dados loro-lorone ngatunggal sampun sagolong gayut darajating agesang

Cengkir Gadhing Kendhipitu ;
Cengkir kencenging piker, gadhing gadhang, kendhi pitu, pangiket ingkang kiat sanget. Dados ringkesipun loro-lorone atunggal samya angiket raos katresnan.

Sadak Lawe;
Biyen sanak saiki dadi jodhone Kyai, gaduk kula naming semanten, dene leres lan lepatipun kawula sumanggaken

Jati Wasesa :
Sang Saraya Jati, sarikma pinara sasra, kula boten nyana bilih panjenengan ingkang saged anegesi kanti trep lan jangkep, mbok menawi inggih sampun dados kodrating jagad, bilih panjenengan ingkang kawawa hamboyong Kambar Mayang punika. Namung kajawi punika wonten sarat sarananipun, Sepisan, pamboyonging Kembar Mayang kaemban jejaka kalih, Kaping kalih, Cengkir gadhing sak pirantosipun kaasta Kenya Dhomas. Kaping tiga, lampahing Kembar Mayang kabiwadha gendhing Ilir-ilir Sumilir. Wondene kang wekasan, murih boten alum pradapa Sekar Mancawarna, supados dipun saranani mawi rengeng-rengeng kekidungan boten ketang satunggal kalih pada.

Saraya Jati :
Nuwun inggih Kyai, badhe kula estokaken sadaya sarat sarananipun, wondene rengeng-rengeng kekidungan sanadyan hamung sapala, sumangga keparenga midhangetaken.

Pangkur :
Yektine kang winurseta,
Kembang Kanthil lambanging ati suci,
Suci murni tresnanipun,
tansah manunggal karsa,
Sri temanten nggennya mangun brayatipun,
tulusa widodo mulya,
linambaran tresna jati.

Kinanthi :
Dhuh Gusti Ywang Maha Agung,
mugi kersa hamberkahi,
mring temanten kekalihnya,
nggennya mangun brayat sami,
bagya mulya kang sinedya,
rahayu ingkang pinanggih.
Kyai, kalih pada punika kewala atur kekidungan kula, mangka jangkeping sarana
pamboyonging Sekar Mancawarna. Kiranging sadayanipun, ingkang boten dados
renaming penggalih, mugi diagung pangaksamanipun.

Jati Wasasa :
Sang Saraya Jati, saking keprananing manah kula, wekdal punika ugi Kembar Mayang kula pasarahaken, sumangga tumunten kula aturi hanampi.

Saraya Jati :
Kyai, rehning sampun cekap samudayanipun, keparenga kawula nyuwun pamit medal pasilan, lan nyuwun pangestu mugi tansah manggiha bagya mulya salampah kula.

Jati Wasesa :
Sang Saraya Jati, sapengker panjenengan kula pranggal puja sesanti jaya-jaya wijayanti, sirna memala pinayungan sahing Gusti, hayu-hayu rahayu ingkang sami pinanggih.

Gendhing Ilir-ilir Sumilir, Sang Saraya Jati sakadang hamboyong Kembar Mayang
Adegan III : Ingkang Hamengku Gati hanampi rawuhipun Sang Saraya Jati
sakadang angasta Kembar Mayang, lajeng sami pangandikan.

Saraya Jati :
Kepareng matur dhumateng Bapa ………………………. (ingkang mengku gati), inggih awit saking berkah saha pangestu panjenengan, kula sampun kelampahan hamboyong wujudipun Kembar Mayang, ingkang punika sumangga kula aturi nampi, mugi sageda kinarya sarana dhaupipun ingkang putra.

Hamengku Jati :
Adhimas Saraya Jati, kula tampi kanthi bingahing manah, lan awit saking sih
pitulungan panjenengan, kula sakulawarga naming saged hangaturaken gunging
panuwun tanpa upami. Nuwun, matur nuwun.

Penutup : Gendhing Ayak-ayakan, laras slendro pathet manyura, para paraga
tangkep asta, lajeng bibaran.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar